Posts Tagged ‘gusdur’

SI’IRAN

Astaghfirulah robbal baroya

Astaghfirulah minal khotoya

Robbi zidni ilman naafi’a wa wafiqni

Amalan sholiha

 

Ya Rosul Allah salamun alaik

Ya Robbil asya ni wa daroji

Afatayaji robbal alamin

Ya uhailalju dziwaldaromi

Ya uhailalju dziwaldaromi

 

Ngawiti ingsun nglanggang sitiran

Kelawan muji mbari Pangeran.

Kang paring rohmat lan kenikmatan

Rino wengine tanpo pitungan

Rino wengine tanpo pitungan

 

Duh bolo konco, prio wanito

Ojo mung ngaji mbarek agomo

Nggur pinter ndongeng nulis lan moco

Tembe mburine bakal sangsoro

Tembe mburine bakal sangsoro

 

Akeh kang apal Qur’an Hadits’e

Seneng ngafirke marang liyane

Kafir’e dewe gak digatek’ke

Yen istiqothor  asli akal’e

Yen istiqothor asli akal’e

 

Gampang kabujuk nafsu angkoro

Ing pepaese gebyare ndoya

Iri lan meri sugih’e tonggo

Mulo atine peteng lan nisto

Mulo atine peteng lan nisto

 

Ayo sedulur jo nglalek’ake

Wajibing ngaji sak pranatane

Nggo ngandel’ake iman tauhid’e

Bagus’e sangu mulyo matine

Bagus’e sangu mulyo matine

 

Amal kang sholeh bagus atine

Karono mapan dadi ngelmune

Laku thoriqot lan makrifat’e

Ugo hakikat manjing rasane

Ugo hakikat manjing rasane

 

Al Qur’an Hadist wahyu minulyo

Tanpo tinulis nanging minulyo

Iku wejangan guru waskito

Den tancep’ake ing njero dada

Den tancep’ake ing njero dada

 

Kumanthil ati lan pikiran

Rasuk’ing badan kabeh jeroan

Mugi kang biso dadi pedoman

Minongko dalan manjing’e iman

Minongko dalan manjing’e iman

 

Kelawan Allah kang Maha Suci

Ingkang dipuji rino lan wengi

Ditirakat’i diriyadhoh’i

Dzikir lan suluk jo nganti lali

Dzikir lan suluk jo nganti lali

 

Urip’e ayem rumongso aman

Dunung’e roso tanda yen iman

Sabar narimo najan pas-pas’an

Kabeh tinakir saking pangeran

Kabeh tinakir saking pangeran

 

Kelawan konco, dulur lan tonggo

Kang podo rukun jo meri ing roso

Iku sunnah’e Rosul kang mulyo

Nabi Muhammad panutan kito

Nabi Muhammad panutan kito

 

Ayo nglakoni sekabeh’ane

Allah kang bakal ngangkat drajat’e

Senajan abot roso dhohir’e

Ananging mulyo maqom drajat’e

Ananging mulyo maqom drajat’e

 

Dadine apik ing pungkasan’e

Ora kesasar roh lan sukmane

Yen kadang Allah suargo manggon’e

Utuh mayit’e ugo ules’e

Utuh mayit’e ugo ules’e

 

Ya Rosul Allah salamun alaik

Ya Robbil asya ni wa daroji

Afatayaji robbal alamin

Ya uhailalju dziwaldaromi

Ya uhailalju dziwaldaromi

noersblog

A topnotch WordPress.com site

shartlina

My Dreams

RODA HUKUM

Tiada KEBENARAN selain KEBENARAN itu sendiri.

Erlan Agusrijaya

Strive to do the best as a muslim teacher

itateanese

karena kita layak bahagia

hidup untuk hidup dalam hidup

adalah aku yang hidup dalam ku

GIRL IN THE POT

Walk . Write . Whatever

Purwatiwidiastuti's Blog

Mari nikmati indahnya berbagi

SanG BaYAnG

Ungkapan Jiwa Dalam Kata Yang Berbeda

Catatan Anak Hulondalo

Ikatlah Ilmu dengan Menulisnya...!!!

Hasna Azura

Dreaming is not enough, you must do!

bintangrina

Forum olah-rasa batin dan rasa (For bara)

riwewijaya

Just another WordPress.com site

AngananTyas Blog

karena aku bukan anak raja, bukan pangeran berkuda, bukan pula dewa, maka akan kubingkai kata kata, hingga ku dikenang dunia

WordPress.com News

The latest news on WordPress.com and the WordPress community.